Dening : Ariesta
Widya
N
|
alika
wiwit jumangkah mlebu kampung jantunge keder, wis meh sewindu ora ngungak
kampung iku. Wiwit padha dhene namatake pamulangan guru. Banjur anggone
kekancan karo mulyati prasasat pedhot dhel. Kabeh amarga kudhu mangkat nepati
janji. Dhisik meneh angger liburan dhawa dolan kampunge Mulyati. Ing kampung
iki kancane loro, mulyati karo Muslikah, karo Muslikah mung kekancan lumrak
kaya ana asrama. Dene karo Mulyati pancen ana dongeng sing liya, sing njalari
dina iki mlebu kampung iki. Nanging ora ana sambung rakete karo Mulyati. Merga
Mulyati wis mantep ana kutha liya karo bojone sing panggonane dines sepisanan.
Ngapa
maneh bareng tekan plataran omah sing mowo pwndhapa iku. Omahe ing mase Mulyati
sing dadi lurah nganane dina iku, pendhapa iku uga durung owah. Dhisik nate
melu ngregengake pendhapa iku. Saka panjaluke Mulyati ngajak ngetoni pethilan
Palguna-palgunaan. Dheweke klebu kembange asrama yen wis munggah panggung.
Kesuwure yen dadi bambangan, apa maneh yen swarane wis ngelik. Kaya-kaya ngamut
gendhang tumrap sing ngrungokake.
Mlebu
klurahan metu ngeringan sawise mampir sumur, kaya dhisik-dhisik bablas memburi
nalika dalem tengah katon wong. Makgapyuk nalika bulurah lagi ana mburi. Luhe
ambrol dadakan. Bulurah kaget, ora kanyana sing wis sewindu ora mencungul
dhadak teka.
“Ayo
lenggah njero, rasusuhmu ngko ndak dirubung wong.” Parih-parihe bulurah karo
nuntun tangane kaya buguru TK ngajak mlaku-mlaku muride.
“Lenggah
dhisik, dak goleke ujukan.”
Luhe
isih dleweran kaya nalika pamitan arep ngayahi dhinese. Mripate langsir nyawang
omah tengah iku, sing owah mung warna cet papan.
“Piye?
Kok ijenan thek sore-sore. Ana kersa, Mbak?” undang-undang iku wis malih nalika
wiwit tumapak nyambut gawe. Disik bulurah yen nimbali “Nduk, Nur.” Nuryanti
ganepe. Banjur bulurah lenggah nyedaki sawise ngeret kursi.
“Ana
kersa apa ta, Mbak? Apa lagi benthik karo rakane?” mripate ngambang nyawang
beja lagi kawetu tembunge:
“Sadaya
boten kok, Bu. Namung wonten bab ingkang nganjel ing manah?”
“Njur
bab apa?” bulurah ketang kepiwine. Nanging ora enggal ana wangsulan. Sing arep
ngamong kayane ketekan ukara. Napase krasa seseg, banjur bali luhe ndleweran.
“Ya,
yen ngono leren disik. Siram bareng, engko bengi dha dirembuk. Kepara bapak ra
wis rawuh. Dirembuk kaya mbiyen yen dhong ana keruwetan asrama. Ya, wis.”
Dalem
tengah ditinggal, kamar sing didik dienggo turu dienggo ngesuk gembolaning ati.
Ing kamar iki dhisik gojekan karo Mulyati. Nanging kamar iki krasa kaya ana
duwur geni murub, nalika bulurah ngabani saka njaba yen kamar mandi wis
disedhiani banyu inggalan metu. Ing kamar mandi pikirane temlawung, ngagas
anggone arep waleh, yen bab matur ana ngarsane bulurah utawa pak lurah ora dadi
ganjelan. Bareng kudhu kandha marang Agung? Kaya-kaya rai iki kudhu dibeset
wae, banjur tuwuh rasa gela ngapa ndadak nglari mrene barang. Jenenge wis luput
sisan dhene ora susah njaluk pangapura. Ya yen tangkepe becik, yen suwalike apa
ora malah ngisin-ngisini. Dikira kepingin ndilat sambel wayu.
“Mbah
Nur, iki lho bapak wis rawuh.” Bulurah ngendika saka lawang butulan. Saka
kadhohan pak lurah melu ngendika,
“Layak
prenjake ngancer ning wis sawo.”
Atine
malah tratapan bareng krungu ngendikake pak lurah guyonan. Ewadene ing batin
kaya nathag atine yen tekane mrene iki merga kepeksa.
Kamar
mandi ditinggal, bablas mlebu kamar cepetan. Bubar iku terus bali ambrol luhe
ana ngarepane pak lurah. Mripat tuwa iku wis bisa ngagapi yen tekane iki
ngendhong sayuta rasa sing kudhu disuntak ning omah iki.
“Sik
to.” Ngendikane pak lurah alon.
“Ibu
mau ngendika rawuhe ijenan we pa?”
“Inggih.
Tiyang mila boten wonten rancangan sakawit.”
“Hemm.
Njur .....?”
“Inggih
kadereng raosing manah.”
“Ouw,
ya, ya.”
Pirembugan
iku kapunggel marang bulurah saka njero ngendika yen pirembugan bisa dibacutake
mengko.
“Ayo,
Mbak Nur, saiki dha dhahar dhisik bebarengan bapak pisan. Ning janji lho
dhahare sing akeh. Wis suwe to ra ngicipi masakane ibu?”
Atine
angles, ya swasana kaya ngana iku sing njalari ndisik tansak kepingin ngidak
dalem kelurahan iki. Apa maneh bareng gandheng kanca karo Agung sing isih
kepernah ponakane.
Nalika
pendhapa kelurahan nuthuk kentongan ping pitu keprungu gumrenge wong sing
nrambul nonton tv hadiah keluarahan kang nampa bebanan.
“Wis,
mbak ben diundhurake cah-cah. Njur kana lenggahan apa isih arep ngaso.” Bulurah
ngendika saka pawon sing diajak ngomong mung meneng. Pikirane nlambrang, apa
kira-kira bu utawa pak lurah wis pirsa gembolane atine anggone kedhungsangan
mrene. Nanging arep ngtur ewuh banget, jalaran saiki wis ngrumangsani bebojoan,
wis anak-anak. Pikirane mubeng kaya gangsingan.
“Wis
rasah akeh-akeh sing digalih. Manungsa rak wayang bebasane gumantung dhalange.”
Ngendikane bulurah ana sandhinge karo ngasto unjukan. Durung kawetu tembunge
sajake bulurah wis pirsa sing dipikir.
“Ben
unjukan iki ana kene, mbok manawa engko ana tamu.”
“Tamu?
Sinten, Bu?” tembunge mlumpat sumambung,
“Ya,
mbuh engko sapa tamune, wis rasah digaleh akeh-akeh, iki ngone tindhak mene
dikurup-kurupake.”
Bali
dheweke ditinggal ijenan, tumlawung rasane, bali gagasane mubeng. Kok kayane
bulurah wis tanggap karo tekane sore iki. Tamu? Tamu sapa? Kathek dicawisake
ana meja sing lahi diadepi. Mengko gek apa sing dadi pikirane. Banjur kelingan
awan iku. Bebarengan kancane nunggal gaweyan Yayuk lunga kutha ngurus pegaweyan
samben saliyane pegaweyan pedinan. Awan iku panas jemepret, panggonan
tetumpakan kebak wong, beneran dina iku kepengin enggal-enggal bali. Ngelingi
nalika budhal anake rada mriyang, atine tansah kedher, ngelingi iki anake sing
nomer papat, anak-anake sing dhisik ora gelem diimong. Ing pangajap sing siji
bisoa dadi sarining omah, supaya omah iku katon regeng.
Wiwit
lungguh bangku dawa iku mripate tumancep priya sing bola-bali mlaku ngubengi
anggone lungguhan. Ing sakawit atine ora nggantha nanging sangsaya suwe atine
banjur tab-taban. Bu Yayuk ora ngerti nalika dadakan sirahe krasa puyeng,
banjur kringet ambrol. Lagi Bu Yayuk ngerteni yen dheweke adus kringet, kanthi
tatag dina iki bakal mrepegi priya sing wiwit mau kaya nggerba karep. Atine
ditata, mripate saiki sengaja nyawang praupane priya iku, jelas saiki. Bareng
priya mau mesem, lan esem iku sing njalari nyakinake sapa priya mau.
“Dhik
Nur pa ya?” suara iku antep kaya dhisik-dhisik lan esem iku tetep kayya dhisik
sanadyan wektu sewindu dudu wektu sing sedhela.
“Ya,
mas.” Tembunge pedhot. Sakarone amem, mesthine pikirake padha tumlawung
dhewe-dhewe. Banjur bali omong maneh sawise sawetara wektu.
“Isih
nang kidul. Dik Nur?”
“Wis
suwe ora.”
“Njur?”
“Mecaki
lelakon.”
Agung
nggraita mesthine wis kumpul karo sisihane kaya sing dicritakake Mulyati nalika
isih ana paran.
“Sauger
lelakon sing nyenengake.” Wangsulane Agung, nanging tembung rasane nampeg raine
sing awan iku abang kepanasen sangsaya mbranang.
“Wis
suwe kondure mas?” anggone ngilangake kedhering jantunge marga tembunge Agung.
“Sawetara.”
“Rak
ora kondur mrana maneh ta, Mas?”
“Ora,
aku pengin bali urip ing tengahing padesan. Sing kebak ketentreman.”
Perimbugan
iku dipunggel nalika motor sing tumuju panggonane Nuryanti teka. Bablas
diuntapake Agung ing tengah ramene panggonan nunggu kendharaan.
Saka
pendhapa klurahan Pak Lurah ngendika,
“Ayo,
mas Agung terus mlebu, ditunggu.”
“Sinten,
Pak?”
“Ibumu
karo sapa mau kae.” Ngendikane Pak Lurah api-api ora ngreteni.
Agung
ora enggal mlebu, isih mogok sedhela ndeleng bocah-bocah dolanan catur, saka
njero Bu Lurah cumengkling ngndika,
“Mas
Agung pinarak kene lho. Kok ana njaba.” Agung jumangkah mlebu terus lungguh
ngedhep meja. Disawang wis cumawis wedang rong gelas mula banjur uluk.
“Wonten
tamu ta bu?”
“Ngertine,
Mas?”
“Lha,
punika wonten unjukkan kalih.”
Bu
Lurah nggujeng, nanging mesthine ora nggraita babar pisan yen gelas iku kanggo
dheweke. Wiwit Agung keprungu Nuryanti mlebu kamar nata atine.
“Ya,
wis sing siji kagem mas Agung sijine mbuh ngko nggo sapa-sapa kena.”
Agung
katon gragapan, nalika saka kamar sisih tengah Nuryanti metu. Sanadyan krasa
gemeter nanging ditatag-tatagake terus lungguh adu arep. Agung saiki ngerti yen
pancen wedang rong gelas iku kanggo dheweke karo Nuryanti.
“Punika
ta bu tamunipun?”
Agung
nyoba mbirat swasana sing katon kaku, Nuryanti isih meneng sanadyan wiwit saka
kamar mau arep omong sing tharik-tharik cikben kahanan ora nyedhihake.
“Karo
sapa dhik, Nur?” Agung mbula gunem, kalem, atep swarane Nuryanti malah katon
gragap.
“Dhewekan,
Mas.”
“Lho,
kok dhewekan, lan putrane ora ana sing kelayu?”
Bali
kaya ditotog dhadhane krungu tembunge Agung sing nyenggol anakke.
“Ora
bakal kelayu, Mas. Marga ora kumpul karo aku.”
Agung
katon gumun krungu wangsulane Nuryanti, nanging ing batin ora arep ngoyak
pitakone. Emoh yen tembung-tembunge nyenggol rasa atine. Agung wis apal
wewatekake Nuryanti gampang kesenggol, lan adakan banjur mung mingseg-mingseg
nangis.
“Tak
titipke mas, marga padha gelem dak emong.”
Sekarone
meneng, Agung kaya katekan tembung apa sing bakal dirembug yen dhisik-dhisik
bisa ngobrol kesenengane. Nuryanti bisa crita melu kumpulan karawitan beksa,
banjur Agung mamerake anggone mimpin majalah sekolah, tulisane sing diemot ing
majalah Ibu Kota, lan yen wis ngono ora ana enteke. Ya ing pendhapa iki anggone
obrol-obrolan, banjur padha ngrenengan yen wis tenan lulus lan dadi guru.
Nuryanti arep mulang njoged murid-muride, dene Agung niyate wis gembira arep
golek pengalaman nyabrang sarta ngentekake ikatan dinase.
“Ayo,
kok meneng-meneng wae Bu lurah ngendika terus lenggah. Sakarone kaget yen
denangan anggone jinem karo angangene dhewe, raine padha mbranang nanging cahya
lampu petromaks iku patiya ngawistarani.
“Mbak
Nur lan mas Agung.” Bu lurah ngendika maneh.
“Aku
ki wong tuwa, aku rak wis nom kaya sliramu, lan kepriyea wanjatine wiwit rawuhe
mbak Nur aku nggraita.”
:Ibu
sampun pirsa?” Nuryanti mronggol, Agung sing katon bingung
“Saestu,
Bu?”
Mangsuli
karo manthuk
“Muga-muga
bener panggraitaku .” wong telu amem sedhela, nalika Pak Lurah saka ngajengan
mlebu.
“Wis,
ayo diterusake anggone kangen-kangenan karo ibu. bapak wis maca kara-kira apa
wigatining rembug, Bu?”
Bu
lurah tindak pendhapa, ing pendhapa sangsaya gayeng wong jaga lan bocah-bocah
nom-noman padha nggenti wektu. Iki ana sambung rakete karo Nur lan Agung. Iya,
ngono pitakone Bu lurah marang Nur
“nggih,
inggih bu.” Swarane ngragapan gene ya mas Agung, rawuhe mbak arep nggerba, iku
lho lelakone sing umur. Ya kepriyea wae rak jeneng manungsa ana rasa sing
kirane kaya dene aku ngono lho. “Iya, ta mbak Nur?”
“Ya
ngenani diriku, ngenani anggone gawe gerahing panggalihe mas Agung.” Swarane
mandheng, Bu lurah atine nelu kenyut. Agung ngenteni tembunge Nur mbacut.
Nanging kaya-kaya kelem jero dhadha. Saiki padha dene dipupus ya mas Agung, yen
kabeh mono dudu, dudu awake dhwe ngene iki.
“Kabeh
ngebudi daya. Ewasemono kaya sing kanyatan saiki iki pirsane ta karepe.”
“Kula
ngaten sampun mupus sawindu, bu. Sanadyan kala raos kamanungsan punika sok tak
rawuh.”
“Iya,
ya. Ning mas Agung wis bisa rembug iki?”
Agung
meneng, nanging praupane iki bisa nggerba ngendikane Bu lurah.
“Saiki
amrih legane mbak Nur nyuwun pangapura mas Agung.”
“Akh,
kula kinten boten perlu bu. Kula boten ngrumangsani bilih Nur lepat dhateng
kula.”
“Iya,
ya. Ibu ngerti, mbak Nur wanita. Ora bisa kaucapake kanthi tembung bisa uga iku
sesanggan batin. Sesanggan batin bisa uga bakal ngembet-embet tumeka bab-bab
liyane.”
Nuryanti
adus luh, nanging diampet, nganggo katon dhadhane munggah mudhun.
“Ayo,
mbak Nur matur karo mas Agung.”
Nuryanti
glagepan krungu ngendika karo Bu lurah, nanging atine ditatag-tatagake.
“Mas
Agung aku arep matur muga sampeyan mirengake. Sanadyan prekara wis jelas aku
nyuwun pangapura nungguh ing apa-apa sing wis mungkur. Gedhene aku nempuh dalan
liya kanthi tanpa matur luwih dhisik.”
“Dhik,
sajatine prakarane wis bar kaya sing dingendikake ibu mau. Yen pancen iku
penjaluke dhik Nur, ya kabeh tibah sapadha-padha.”
Agung ngulungake tangane banjur Nuryanti
agahan nampa. Bu lurah sing ngantheni wiwit mau krasa yen sakarone isih ana
tabet-tabet kumeclap. Katandha mripate sing tempuh banjur padha dene nginggati
sakarone bali lungguh. Nuryanti gawayane katon sumringah tinimbang mau-mau.
Sesanggan iku wis dibayar wengi iki.
“Saiki
dipikir bali kaya dhisik, seduluran murih kabeh ora ana rasa rumangsa. Ngono ya
mas Agung lan mbak Nur?” Bu lurah ngendika mungkasi.
Wengi
iku diterusake anggone omong-omong, nanging luwih bebas kepara wis keprungu
guyune Nuryanti. Semono uga Agung kaya dhisik metu guyonane. Bu lurah lan pak
lurah malah banjur ambyur lenggahan ngrembug laku jantraning jaman lan ubeng
ingering kahanan. Mendhung ing thelenging atine Nuryanti wis kabirat ilang.
Esuke
nalika Nuryanti arep mulih Agung nawakake arep ngeterake. Nanging Nuryanti
nginggati, emoh. Atine pengin gek tekan omah. Kepengin ngadhepi kanyatan, ya
anake ya bojone.
(Salam
kanggo Palguna-Palgunadi sugeng nuri-uri kabudayan iki)***
=
TAMAT =