NRABAS KETIGA DAWA



Dening : Ariesta Widya


pena81
N
alika wiwit jumangkah mlebu kampung jantunge keder, wis meh sewindu ora ngungak kampung iku. Wiwit padha dhene namatake pamulangan guru. Banjur anggone kekancan karo mulyati prasasat pedhot dhel. Kabeh amarga kudhu mangkat nepati janji. Dhisik meneh angger liburan dhawa dolan kampunge Mulyati. Ing kampung iki kancane loro, mulyati karo Muslikah, karo Muslikah mung kekancan lumrak kaya ana asrama. Dene karo Mulyati pancen ana dongeng sing liya, sing njalari dina iki mlebu kampung iki. Nanging ora ana sambung rakete karo Mulyati. Merga Mulyati wis mantep ana kutha liya karo bojone sing panggonane dines sepisanan.
Ngapa maneh bareng tekan plataran omah sing mowo pwndhapa iku. Omahe ing mase Mulyati sing dadi lurah nganane dina iku, pendhapa iku uga durung owah. Dhisik nate melu ngregengake pendhapa iku. Saka panjaluke Mulyati ngajak ngetoni pethilan Palguna-palgunaan. Dheweke klebu kembange asrama yen wis munggah panggung. Kesuwure yen dadi bambangan, apa maneh yen swarane wis ngelik. Kaya-kaya ngamut gendhang tumrap sing ngrungokake.
Mlebu klurahan metu ngeringan sawise mampir sumur, kaya dhisik-dhisik bablas memburi nalika dalem tengah katon wong. Makgapyuk nalika bulurah lagi ana mburi. Luhe ambrol dadakan. Bulurah kaget, ora kanyana sing wis sewindu ora mencungul dhadak teka.
“Ayo lenggah njero, rasusuhmu ngko ndak dirubung wong.” Parih-parihe bulurah karo nuntun tangane kaya buguru TK ngajak mlaku-mlaku muride.
“Lenggah dhisik, dak goleke ujukan.”
Luhe isih dleweran kaya nalika pamitan arep ngayahi dhinese. Mripate langsir nyawang omah tengah iku, sing owah mung warna cet papan.
“Piye? Kok ijenan thek sore-sore. Ana kersa, Mbak?” undang-undang iku wis malih nalika wiwit tumapak nyambut gawe. Disik bulurah yen nimbali “Nduk, Nur.” Nuryanti ganepe. Banjur bulurah lenggah nyedaki sawise ngeret kursi.
“Ana kersa apa ta, Mbak? Apa lagi benthik karo rakane?” mripate ngambang nyawang beja lagi kawetu tembunge:
“Sadaya boten kok, Bu. Namung wonten bab ingkang nganjel ing manah?”
“Njur bab apa?” bulurah ketang kepiwine. Nanging ora enggal ana wangsulan. Sing arep ngamong kayane ketekan ukara. Napase krasa seseg, banjur bali luhe ndleweran.
“Ya, yen ngono leren disik. Siram bareng, engko bengi dha dirembuk. Kepara bapak ra wis rawuh. Dirembuk kaya mbiyen yen dhong ana keruwetan asrama. Ya, wis.”
Dalem tengah ditinggal, kamar sing didik dienggo turu dienggo ngesuk gembolaning ati. Ing kamar iki dhisik gojekan karo Mulyati. Nanging kamar iki krasa kaya ana duwur geni murub, nalika bulurah ngabani saka njaba yen kamar mandi wis disedhiani banyu inggalan metu. Ing kamar mandi pikirane temlawung, ngagas anggone arep waleh, yen bab matur ana ngarsane bulurah utawa pak lurah ora dadi ganjelan. Bareng kudhu kandha marang Agung? Kaya-kaya rai iki kudhu dibeset wae, banjur tuwuh rasa gela ngapa ndadak nglari mrene barang. Jenenge wis luput sisan dhene ora susah njaluk pangapura. Ya yen tangkepe becik, yen suwalike apa ora malah ngisin-ngisini. Dikira kepingin ndilat sambel wayu.
“Mbah Nur, iki lho bapak wis rawuh.” Bulurah ngendika saka lawang butulan. Saka kadhohan pak lurah melu ngendika,
“Layak prenjake ngancer ning wis sawo.”
Atine malah tratapan bareng krungu ngendikake pak lurah guyonan. Ewadene ing batin kaya nathag atine yen tekane mrene iki merga kepeksa.
Kamar mandi ditinggal, bablas mlebu kamar cepetan. Bubar iku terus bali ambrol luhe ana ngarepane pak lurah. Mripat tuwa iku wis bisa ngagapi yen tekane iki ngendhong sayuta rasa sing kudhu disuntak ning omah iki.
“Sik to.” Ngendikane pak lurah alon.
“Ibu mau ngendika rawuhe ijenan we pa?”
“Inggih. Tiyang mila boten wonten rancangan sakawit.”
“Hemm. Njur .....?”
“Inggih kadereng raosing manah.”
“Ouw, ya, ya.”
Pirembugan iku kapunggel marang bulurah saka njero ngendika yen pirembugan bisa dibacutake mengko.
“Ayo, Mbak Nur, saiki dha dhahar dhisik bebarengan bapak pisan. Ning janji lho dhahare sing akeh. Wis suwe to ra ngicipi masakane ibu?”
Atine angles, ya swasana kaya ngana iku sing njalari ndisik tansak kepingin ngidak dalem kelurahan iki. Apa maneh bareng gandheng kanca karo Agung sing isih kepernah ponakane.
Nalika pendhapa kelurahan nuthuk kentongan ping pitu keprungu gumrenge wong sing nrambul nonton tv hadiah keluarahan kang nampa bebanan.
“Wis, mbak ben diundhurake cah-cah. Njur kana lenggahan apa isih arep ngaso.” Bulurah ngendika saka pawon sing diajak ngomong mung meneng. Pikirane nlambrang, apa kira-kira bu utawa pak lurah wis pirsa gembolane atine anggone kedhungsangan mrene. Nanging arep ngtur ewuh banget, jalaran saiki wis ngrumangsani bebojoan, wis anak-anak. Pikirane mubeng kaya gangsingan.
“Wis rasah akeh-akeh sing digalih. Manungsa rak wayang bebasane gumantung dhalange.” Ngendikane bulurah ana sandhinge karo ngasto unjukan. Durung kawetu tembunge sajake bulurah wis pirsa sing dipikir.
“Ben unjukan iki ana kene, mbok manawa engko ana tamu.”
“Tamu? Sinten, Bu?” tembunge mlumpat sumambung,
“Ya, mbuh engko sapa tamune, wis rasah digaleh akeh-akeh, iki ngone tindhak mene dikurup-kurupake.”
Bali dheweke ditinggal ijenan, tumlawung rasane, bali gagasane mubeng. Kok kayane bulurah wis tanggap karo tekane sore iki. Tamu? Tamu sapa? Kathek dicawisake ana meja sing lahi diadepi. Mengko gek apa sing dadi pikirane. Banjur kelingan awan iku. Bebarengan kancane nunggal gaweyan Yayuk lunga kutha ngurus pegaweyan samben saliyane pegaweyan pedinan. Awan iku panas jemepret, panggonan tetumpakan kebak wong, beneran dina iku kepengin enggal-enggal bali. Ngelingi nalika budhal anake rada mriyang, atine tansah kedher, ngelingi iki anake sing nomer papat, anak-anake sing dhisik ora gelem diimong. Ing pangajap sing siji bisoa dadi sarining omah, supaya omah iku katon regeng.
Wiwit lungguh bangku dawa iku mripate tumancep priya sing bola-bali mlaku ngubengi anggone lungguhan. Ing sakawit atine ora nggantha nanging sangsaya suwe atine banjur tab-taban. Bu Yayuk ora ngerti nalika dadakan sirahe krasa puyeng, banjur kringet ambrol. Lagi Bu Yayuk ngerteni yen dheweke adus kringet, kanthi tatag dina iki bakal mrepegi priya sing wiwit mau kaya nggerba karep. Atine ditata, mripate saiki sengaja nyawang praupane priya iku, jelas saiki. Bareng priya mau mesem, lan esem iku sing njalari nyakinake sapa priya mau.
“Dhik Nur pa ya?” suara iku antep kaya dhisik-dhisik lan esem iku tetep kayya dhisik sanadyan wektu sewindu dudu wektu sing sedhela.
“Ya, mas.” Tembunge pedhot. Sakarone amem, mesthine pikirake padha tumlawung dhewe-dhewe. Banjur bali omong maneh sawise sawetara wektu.
“Isih nang kidul. Dik Nur?”
“Wis suwe ora.”
“Njur?”
“Mecaki lelakon.”
Agung nggraita mesthine wis kumpul karo sisihane kaya sing dicritakake Mulyati nalika isih ana paran.
“Sauger lelakon sing nyenengake.” Wangsulane Agung, nanging tembung rasane nampeg raine sing awan iku abang kepanasen sangsaya mbranang.
“Wis suwe kondure mas?” anggone ngilangake kedhering jantunge marga tembunge Agung.
“Sawetara.”
“Rak ora kondur mrana maneh ta, Mas?”
“Ora, aku pengin bali urip ing tengahing padesan. Sing kebak ketentreman.”
Perimbugan iku dipunggel nalika motor sing tumuju panggonane Nuryanti teka. Bablas diuntapake Agung ing tengah ramene panggonan nunggu kendharaan.
Saka pendhapa klurahan Pak Lurah ngendika,
“Ayo, mas Agung terus mlebu, ditunggu.”
“Sinten, Pak?”
“Ibumu karo sapa mau kae.” Ngendikane Pak Lurah api-api ora ngreteni.
Agung ora enggal mlebu, isih mogok sedhela ndeleng bocah-bocah dolanan catur, saka njero Bu Lurah cumengkling ngndika,
“Mas Agung pinarak kene lho. Kok ana njaba.” Agung jumangkah mlebu terus lungguh ngedhep meja. Disawang wis cumawis wedang rong gelas mula banjur uluk.
“Wonten tamu ta bu?”
“Ngertine, Mas?”
“Lha, punika wonten unjukkan kalih.”
Bu Lurah nggujeng, nanging mesthine ora nggraita babar pisan yen gelas iku kanggo dheweke. Wiwit Agung keprungu Nuryanti mlebu kamar nata atine.
“Ya, wis sing siji kagem mas Agung sijine mbuh ngko nggo sapa-sapa kena.”
Agung katon gragapan, nalika saka kamar sisih tengah Nuryanti metu. Sanadyan krasa gemeter nanging ditatag-tatagake terus lungguh adu arep. Agung saiki ngerti yen pancen wedang rong gelas iku kanggo dheweke karo Nuryanti.
“Punika ta bu tamunipun?”
Agung nyoba mbirat swasana sing katon kaku, Nuryanti isih meneng sanadyan wiwit saka kamar mau arep omong sing tharik-tharik cikben kahanan ora nyedhihake.
“Karo sapa dhik, Nur?” Agung mbula gunem, kalem, atep swarane Nuryanti malah katon gragap.
“Dhewekan, Mas.”
“Lho, kok dhewekan, lan putrane ora ana sing kelayu?”
Bali kaya ditotog dhadhane krungu tembunge Agung sing nyenggol anakke.
“Ora bakal kelayu, Mas. Marga ora kumpul karo aku.”
Agung katon gumun krungu wangsulane Nuryanti, nanging ing batin ora arep ngoyak pitakone. Emoh yen tembung-tembunge nyenggol rasa atine. Agung wis apal wewatekake Nuryanti gampang kesenggol, lan adakan banjur mung mingseg-mingseg nangis.
“Tak titipke mas, marga padha gelem dak emong.”
Sekarone meneng, Agung kaya katekan tembung apa sing bakal dirembug yen dhisik-dhisik bisa ngobrol kesenengane. Nuryanti bisa crita melu kumpulan karawitan beksa, banjur Agung mamerake anggone mimpin majalah sekolah, tulisane sing diemot ing majalah Ibu Kota, lan yen wis ngono ora ana enteke. Ya ing pendhapa iki anggone obrol-obrolan, banjur padha ngrenengan yen wis tenan lulus lan dadi guru. Nuryanti arep mulang njoged murid-muride, dene Agung niyate wis gembira arep golek pengalaman nyabrang sarta ngentekake ikatan dinase.
“Ayo, kok meneng-meneng wae Bu lurah ngendika terus lenggah. Sakarone kaget yen denangan anggone jinem karo angangene dhewe, raine padha mbranang nanging cahya lampu petromaks iku patiya ngawistarani.
“Mbak Nur lan mas Agung.” Bu lurah ngendika maneh.
“Aku ki wong tuwa, aku rak wis nom kaya sliramu, lan kepriyea wanjatine wiwit rawuhe mbak Nur aku nggraita.”
:Ibu sampun pirsa?” Nuryanti mronggol, Agung sing katon bingung
“Saestu, Bu?”
Mangsuli karo manthuk
“Muga-muga bener panggraitaku .” wong telu amem sedhela, nalika Pak Lurah saka ngajengan mlebu.
“Wis, ayo diterusake anggone kangen-kangenan karo ibu. bapak wis maca kara-kira apa wigatining rembug, Bu?”
Bu lurah tindak pendhapa, ing pendhapa sangsaya gayeng wong jaga lan bocah-bocah nom-noman padha nggenti wektu. Iki ana sambung rakete karo Nur lan Agung. Iya, ngono pitakone Bu lurah marang Nur
“nggih, inggih bu.” Swarane ngragapan gene ya mas Agung, rawuhe mbak arep nggerba, iku lho lelakone sing umur. Ya kepriyea wae rak jeneng manungsa ana rasa sing kirane kaya dene aku ngono lho. “Iya, ta mbak Nur?”
“Ya ngenani diriku, ngenani anggone gawe gerahing panggalihe mas Agung.” Swarane mandheng, Bu lurah atine nelu kenyut. Agung ngenteni tembunge Nur mbacut. Nanging kaya-kaya kelem jero dhadha. Saiki padha dene dipupus ya mas Agung, yen kabeh mono dudu, dudu awake dhwe ngene iki.
“Kabeh ngebudi daya. Ewasemono kaya sing kanyatan saiki iki pirsane ta karepe.”
“Kula ngaten sampun mupus sawindu, bu. Sanadyan kala raos kamanungsan punika sok tak rawuh.”
“Iya, ya. Ning mas Agung wis bisa rembug iki?”
Agung meneng, nanging praupane iki bisa nggerba ngendikane Bu lurah.
“Saiki amrih legane mbak Nur nyuwun pangapura mas Agung.”
“Akh, kula kinten boten perlu bu. Kula boten ngrumangsani bilih Nur lepat dhateng kula.”
“Iya, ya. Ibu ngerti, mbak Nur wanita. Ora bisa kaucapake kanthi tembung bisa uga iku sesanggan batin. Sesanggan batin bisa uga bakal ngembet-embet tumeka bab-bab liyane.”
Nuryanti adus luh, nanging diampet, nganggo katon dhadhane munggah mudhun.
“Ayo, mbak Nur matur karo mas Agung.”
Nuryanti glagepan krungu ngendika karo Bu lurah, nanging atine ditatag-tatagake.
“Mas Agung aku arep matur muga sampeyan mirengake. Sanadyan prekara wis jelas aku nyuwun pangapura nungguh ing apa-apa sing wis mungkur. Gedhene aku nempuh dalan liya kanthi tanpa matur luwih dhisik.”
“Dhik, sajatine prakarane wis bar kaya sing dingendikake ibu mau. Yen pancen iku penjaluke dhik Nur, ya kabeh tibah sapadha-padha.”
 Agung ngulungake tangane banjur Nuryanti agahan nampa. Bu lurah sing ngantheni wiwit mau krasa yen sakarone isih ana tabet-tabet kumeclap. Katandha mripate sing tempuh banjur padha dene nginggati sakarone bali lungguh. Nuryanti gawayane katon sumringah tinimbang mau-mau. Sesanggan iku wis dibayar wengi iki.
“Saiki dipikir bali kaya dhisik, seduluran murih kabeh ora ana rasa rumangsa. Ngono ya mas Agung lan mbak Nur?” Bu lurah ngendika mungkasi.
Wengi iku diterusake anggone omong-omong, nanging luwih bebas kepara wis keprungu guyune Nuryanti. Semono uga Agung kaya dhisik metu guyonane. Bu lurah lan pak lurah malah banjur ambyur lenggahan ngrembug laku jantraning jaman lan ubeng ingering kahanan. Mendhung ing thelenging atine Nuryanti wis kabirat ilang.
Esuke nalika Nuryanti arep mulih Agung nawakake arep ngeterake. Nanging Nuryanti nginggati, emoh. Atine pengin gek tekan omah. Kepengin ngadhepi kanyatan, ya anake ya bojone.
(Salam kanggo Palguna-Palgunadi sugeng nuri-uri kabudayan iki)***
= TAMAT =






Slider(Do not Edit Here!)